HAnaira sejatine wahananing Hyang.
NAdyan ora kasad mata pasti ana.
CAreming Hyang yekti lan cetha wineca.
RAsakna rakete lan angganira.
KAwruhana ywa kongsi kurang wiweka.
DAdi sasar yen sira ora waspada.
TAmatna prabaning Hyang sung sasmita.
SAsmitane kang kongsi bisa karasa.
WAspadana wewedi kang sira gawa.
LAlekna yen sira tumeka lalis.
PAti sasar tan wun manggya papa.
DHAsar beda lan kang wusa kalis ing godha.
JAngkane mung jenak jenjeming jiwara.
Yitnanana liyep luyuting pralaya.
NYAta sonya nyeyet lebeting kadonyan.
MAdyeng ngalam parantunan away samar.
GAyuhane tan ana liyan mung sarwa arga.
BAli murba misesa ing jero jaba.
THUkulane widadarja tebah nistha.
NGArah-arah ing reh mardi –mardiningrat.
Kalau kita sebagai anak bangsa mampu mengaplikasikan warisan budaya leluhur kita tersebut dalam kehidupan sehari-hari, kita tidak usah khawatir ada masalah korupsi, kolusi dan nepotisme. Mari kita sebagai anak bangsa sama-sama GAYUH HAYU-HAYUNING BAWANA. Demi masa depan anak cucu kita.
(sumber:spiritualisme.wordpress.com)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar